PIDATO BAHASA JAWA KROMO INGGIL TEMA PENDIDIKAN
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى فَضَّلَ بَنِيْ أَدَمَ بِا لْعِلْمِ وَالْعَمَلِ.
وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ عَلَى كُلِّ حَالٍ.
وَ عَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ اَصْحَابِ الْكَرَامَةِ وَالْكَمَلْ أمّا
بعد
Jumateng poro Bpk, poro ibu, hadirin sekalian ingkang kulo hormati...
Minangkani awalipun atur kulo ing mriki kulo muji syukur Alhamdulillah dateng alloh swt ingkang sampun paring pinten-pinten rohmat, ni’mat, dumateng kulo, lan panjenengan sedoyo, sehinggo kulo lan panjenengan saged karoyo-royo bucal thempo ninggalno griyo, ninggal bondho lan rojo koyo sami saget rawo wonten ing majlis puniko boten ategas prawan golek joko, utawi dudo golek rondho. nanging leres-leres golek pengetahuan agomo. pengetahuan sing keno kangge sangu dateng griyane moro tuwo. shoho pengetahuan sing keno kangge sangune ngadep datang kang moho kuoso.
Poro rawuh ingkang kaulo hormati lan kaulo cintai...
sebagai pengajak kulo monggo iang waktu meniko kulo lan panjenengan samiho kemauan ngaji. kemauan ibadah dateng ngarsanipun Allah SWT. keranten pancen dados tiyang islam lho pak ? ! bu ? ! ngaji niku harus tumrap kito sedoyo. kanjeng Nabi Muhammad SAW. nate dawoh :
ط ;َ ;ل ;َ ;ب ;ُ ; ا ;ل ;ْ ;ع ;َ ;ل ;ْ ;م ;ِ ; ف ;َ ;ر ;ِ ;ي ;ْ ;ض ;َ ;ة
;ٌ ; ع ;َ ;ل ;َ ;ى ; ك ;ُ ;ل ;ِ ;ّ ; م ;ُ ;س ;ِ ;ل ;ِ ;م ;ٍ ; و ;َ ;م
;ُ ;س ;ْ ;ل ;ِ ;م ;َ ;ة ;ٍ ; ( ر ;و ;ا ;ه ; ا ;ب ;ن ; ع ;ب ;د ; ا ;ل ;ب
;ر ; )
Artosipun inggih meniko:
“Bilih pados pengetahuan meniko dipun fardhuaken tumrap saben-saben tiyang Islam jaler lan istri“
soho kanti hadist meniko kito sampun jelas bilih pados pengetahuan meniko adalah sistem ingkang serba terus tanpa wonten bates waktu baik kapanpun, dimanapun serta didalam situasi bagaimanapun. dados senajan tiyangnipun sampun tuwek, elek, ngrowek, untune entek, ora tedas peyek, meniko tetep keharusan pados pengetahuan.
Poro rawuh ingkang kulo hormati...
Amergi tiyang niku menawi boten gadah pengetahuan senajan toh ibadah sampek jungkir balik, utawi ibadah mempeng, namun boten dipun ilmuni meniko tiwas bal gedual.
و ;ُ ; ك ;ُ ;ل ;ُ ;ّ ; م ;َ ;ن ;ْ ; ب ;ِ ;غ ;َ ;ي ;ْ ;ر ;ِ ; ع ;ِ ;ل ;ْ
;م ; ي ;َ ;ع ;ْ ;م ;َ ;ل ;ُ ; ا ;َ ;ع ;ْ ;م ;َ ;ا ;ل ;ُ ;ه ;ُ ; م ;َ ;ر
;ْ ; د ;ُ ;و ;ْ ; د ;َ ;ة ;ٌ ; ل ;ا ;َ ; ت ;ُ ;ق ;ْ ;ب ;َ ;ل ;ُ ;
Tiyang niku menawi boten gadah pengetahuan, ngamalipun boten dipun terimo dening alloh. mardudatun laa tugbalu.
Pramilo sangkeng meniko, monggo poro rawoh sedoyo terlebih adik-adik lan generasi muda-mudi remaja Islam. kito tingkataken anggen kito studi. supados benjang angsal pengetahuan ingkang katah lan manfaat soho pengetahuan ingkang saget beto bahagia lan wilujeng donyo lan akherat. perihal meniko pas kalian dawohipun alloh wonten al-qur’an, surat al-mujadalah ayat 11
ي ;َ ;ر ;ْ ;ف ;َ ;ع ;ِ ; ا ;ل ;ل ;ه ; ُ ; ا ;ل ;َ ;ّ ;ذ ;ِ ; ي ;ْ ;ن ;َ ;
آ ;م ;َ ;ن ;ُ ;و ;ْ ;ا ; م ;ِ ;ن ;ْ ;ك ;ُ ;م ;ْ ; و ;َ ;ا ;ل ;َ ;ّ ;ذ
;ِ ; ي ;ْ ;ن ;َ ; أ ;ُ ;و ;ْ ;ت ;ُ ;و ;ْ ;ا ; ا ;ل ;ْ ;ع ;ِ ;ل ;ْ ;م ;َ ;
د ;َ ;ر ;َ ;ج ;َ ;ا ;ت ;ٍ ;
Artosipun Ayat meniko :
“Allah SWT. bade ngangkat derajatipun tiyang-tiyang ingkang beriman lan tiyang-tiyang ingkang nggadahi pengetahuan dateng pinten-pinten derajat“
Namun sa’wangsulipun menawi kito boten anggadahi pengetahuan boten saget
ngaji lan boten purun studi lan boten sekolah, tengriyo namung
kluyur-kluyur jogrok klimprak-klimprik kados sarung goyor, niku nggih
boten pantas, sampun ketinggalan masa. amargi, niki sampun masa merdeka
boten kados masa penjajah. sa’niki sampun kathah sekolahan sampun kathah
tempat-tempat pendidikan. pramilo monggo kito tingkataken anggen kito
studi, pados ilmu dan pengetahuan ingkang kathah. soho dumateng poro
Bpk, ibu sampun ngantos ketinggalan, ojo sampek gadah putro sing
lolak-lolok, boten purun sekolah, boten purun ngaji, boten purun datang
masjid, datang langgar, lan sanes-sanesipun. keranten lare niku menawi
boten kenal pendidikan, nopo maleh pendidikan pengetahuan agama. niku
nggeh nyusahaken tiyang sepuh nipun. menawi kentandang gaweh boten
purun. sa’bendino ngente’no sego, jaluki uang, di papari boten manut,
karo ibu nesu, karo Bpk galak, karo embah mbantah, karo kakang
mbangkang, karo paklek mendelik, karo pakdhe gumedhe, karo dulur
ngladur, karo tonggo ora duwe dugho. diajar nangis, kon minggat boten
budal, di guwak moleh bendino ngentekno sego, didhol ora payu akheripun
tiyang sepuhipun namung sulit, gelisah pikiran jibek napas sesek, dodo
ampek, awak dredek, kuping gemrebek weteng muneg-muneg, irung pilek,
awak sak kujur rasane dredek, bendino kur telek-telek mergo duwe anak
ndablek kon mergawe ora untek menengahe jadi mbegegek lek ngeteniki
tiyang sepuh sulit menopo boten ? poro Bpk poro ibu ? mulane monggo
putro-putrine dipun didik ingkang saestu supados leres-leres saget kados
lare ingkang bermanfaat untuk agama, bangsa lan negoro, soho ingkang
saget menjunjung tinggih harkat lan martabat tiyang sepuhipun kaleh.
ingkang pas dawohipun kanjeng Nabi Muhammad SAW.
خ ;َ ;ي ;ْ ;ر ;ُ ; ا ;ل ;ن ;َ ;ّ ;ا ;س ;ِ ; أ ;َ ;ن ;ْ ;ف ;َ ;ع ;ُ ;ه ;ُ ;م ;ْ ; ل ;ِ ;ل ;ن ;َ ;ّ ;آ ;س ;ِ ;
“Sa’bagus-baguse tiyang yoiku sing manfaat marang, tiyang liyane“
Poro rawo ingkang kaulo hormati lan kaulo cintai...
Mekaten, cekap semanten atur kulo, mugi-mugi saget bermanfaat kangge kito sedoyo. Kirang langkungipun kulo nyuwun pangapunten ingkang katah
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
Read more: http://teksdrama.blogspot.com/2013/03/contoh-naskah-pidato-bahasa-jawa-tema.html#ixzz2ZgQI1k7L